Total Pageviews

Home » » Salah Paham Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Salah Paham Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014


SALAH PAHAM

Sore kae Ani, Esti, karo Dwi mlaku-mlaku meng alun-alun karo sisan ngabuburit.  Niate Ani arep tuku Batagor nggo buka puasa mengko
 “ Es, Wi Nyong tak tuku batagor set  ya, Ko arep pada tuku apa?” omonge Ani.
 “Dewek arep tuku Es degan bae lah, soale ibuku wes masak iwak nangumah”. (Jawabe  Esti)
Esti karo dwi kue kakang adhi, dadine apa sing dituku Esti ya pesti di tuku dwi mbarang.
”ya wes Nyong tak tuku batagor ndeset, ko pada tuku es degan. Mengko dewek ketemuan nang kene maning ya”. (Ujare Ani)
Esti Karo Dwi njawab ”iya”.
Let pirang menit, Esti karo Dwi wes mbalik maning menggon mau. Tapi Ani urung teka. “Wi. Ani ka sue temen ya, mengko dhewek teyeng telat kie tekan omah.” Esti ngomong meng Dwi karo ngenten-ngenteni Ani. “ kepriwe angger dhewek susul bae. Palingan lagi ngantri. Batagor angger sore kaya kie kan laris” omonge Dwi. Esti njawab “ iya bener. Ayo susul bae”.
Jebule temenean mbarang di susul , Ani lagi ngantri nggo tuku batagor. Karo ngenteni Ani rampung tuku batagor Esti karo Dwi nyambi jegongan. Mbarang wes kesel ngenteni, Esti karo Dwi mikir kepriwe carane men ora bosen ngenteni Ani. Esti ndue ide nggo njaili Ani. Esti memang bocahe jail. Nang Esti karo Dwi Ani dibalangi karo krikil sekang mburi. Terus si Esti karo Dwi umpetan. Balangan sing pertama Ani mung nylinguk tok. Nang Esti karo Dwi di balang maning. Balangan sing ke loro nggawe Ani kesuh, Ani terus madep mburi. Pas agi madep mburi nang mburine Ani mung ana Cah lanang siji tok sing lagi njegong karo ngguyu-ngguyu maca sms. Tapi ndarani Ani bocah lanang kue ngguyu-ngguyu gara-gara tes mbalangi krikil meng  Ani. Tapi Ani tetep meneng bae. Ani mung ndelengna bocahe karo rai kesuh tok.
Esti karo Dwi ngguyu-ngguyu bae ndeleng tingkahe Ani. Ora kapok Esti karo Dwi mbalang krikil maning meng Ani. Balangan sing ketelu iki temenan nggawe Ani gela. Ora mikir maning Ani langsung nglabrak bocah lanang sing nang mburine.
”Apa maksude ya Mas  mbalang-mbalangi nyong karo krikil. Iseng temen si. Sapa si ko. Kenal apa karo nyong. Dasar sembrono!” (ujare Ani karo Kesuh)
Ani ngomel-ngomel maring bocah lanang kue. Bocah lanang kue kaget. Wong lagi njegong ka di domei. Nuduh-nuduh mbalang krikil maning.
Bocah Lanang kue njawab“ lo apa maksude mbak. Nyong ora ngerti apa-apa ka di tuduh kaya kue!”
 cah lanang kue juga kesuh karo Ani.
Ani njawab maning karo nggetak “ ko kan sing mbalangi krikil meng nyong!”
“ Aja asal nuduh mbak. Nyong ket mau lagi njegong karo dolanan HP, ka bisa-bisane ndarani mbalang-mbalangi ko. Kurang gawean temen!”. (ujare cah lanang kue karo mbantah)
 “ya bisa lah. Sapa maning angger udu ko. Sing ket mau nang mburine nyong sapa! Ora ana wong maning mbok. Mung ko tok!”. (semaure Ani)

Ani karo cah lanang mau tetep tukaran. Ndeleng kue Esti karo Dwi dadi ngrasa salah. Esti karo Dwi terus marani Ani.
 “ An. Sing mbalangi ko nganggo krikil kue nyong karo Dwi, udu Mas kue. Dewek sengaja jail. Soale ko dienteni sue banget si. Dadi men ora bosen Dewek karo njaili ko” (Esti karo Dwi ngakoni salahe menga Ani.)
Krungu kue Ani raine langsung mengkerut isin. Jebule bocah lanang sing dilabrak mau temenan ora mbalangi ani nggo krikil. Ani langsung njaluk ngapura meng cah lanang mau. Bocah lanang mau ngapurani  Ani karo ngguyu ngguyu sebabe bingung karo gumun. Wong ora salah apa apa ka di omel-omeli.  Ani, Esti karo Dwi terus bali sebabe emeh magrib. Pas mlaku bali meng omah Ani mung meneng tok. Sebabe Ani igin isin bar kedadean mau lan Ani isih kesuh karo kanca-kancane. Gara-gara Esti karo Dwi Ani dadi salah paham karo bocah lanang mau. Esti karo Dwi usaha nggo njaluk ngapura meng Ani, tapi Ani tetep meneng baengasi tekan omah. Lebar tekan omah Ani langsung crita kedadean mau meng Ibune. 
“ Makane angger ana kedadean apa bae sing ko ora ngerti. Golet dengen sebabe sekang endi. Aja grasah-grusuh, dadine ora kedadean kaya mau” (ngendikane ibune Ani)
“nggeh bu. Melih-melih Ani bade mados sebabe rumien. Ben mboten isin maleh” (jawabe Ani)
Gara – gara kedadean mau mbarang, Ani dadi ora sida tuku batagor. Sebabe uwes selakan isin karo cah lanang  mau.



RAMPUNGJ

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate