Total Pageviews

Home » » “Sing Gawe Kelingan” Cerkak Basa Jawa Banyumasan

“Sing Gawe Kelingan” Cerkak Basa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

“Sing Gawe Kelingan”

Aku, wes 8 wulan sekolah ning SMK Negeri 1 Bawang. Sekolah sing aku impi-impi kawet aku isih ning SMP. Sekolah sing gawe aku gelem bukak buku, sinau mergane saking kepengine dadi salah sijine murid SMK Negeri 1 Bawang.
Sekolah SMK Negeri 1 Bawang, aweh aku akeh kanca, ilmu, lan pengalaman. Pengalaman sing ora bisa dibayar. Aku sinau akeh sekang sekolahku iki. Sekang kanca anyar, sing isih akeh sing kudu dingerteni, swasana anyar sing ora digadang-gadang. Tapi, bisa nduweni kursi ning SMK Negeri 1 Bawang, kuwi hadiah perjuanganku nalika aku isih SMP. Lan aku, wis oleh hadiah iku. Hadiah kerja kerasku kawitan ning SMP.
Adohe jarak sekolah karo umahku, ora gawe aku putus asa... langkahku bakal gedug bangku kelasku X-TKJ 2. Kelas sing gawe aku ngrasa kangen, ngrasakke bebarengan, gatekna salah siji, kewatir, tresna, kuwi kabeh ora bakal gawe langkahku mandeg sedurunge aku gedug ning bangku kelasku X-TKJ 2. Bangku saksi kepriwe aku njalani dina-dinaku ning kelas X-TKJ 2. Ora ana liya pengalaman, aku nduwe pengalaman ning sekolah katresnanku iki.
Maturnuwun, wis nrima aku dadi kaluargamu, dina-dinaku ning SMK Negeri 1 Bawang uga ora luput karo cerita atiku. Aku, arang cerita marang kancaku soal urusan ati, aku lewih sering cerita karotembang-tembang. Merga kuwi, mokor aku lan tembang kuwi sing ngerti apa sing lagi dirasakke atiku iki.
Tapi, ping sewu aku ngringokke tembang iku tetep aku ora bakal setitik ngrasa lega. Aku banjur cerita marang kancaku. Tapi, aku isin kepriwe caraku ngajak cerita, kepriwe ben aku bisa ngandel karo kancaku dewe, kepriwe ben kancaku bisa ngerteni aku.
Aku lewih seneng ngringokke daripada maca, aku lewih seneng  ndeleng dari pada nglakokke. Dadi dinaku, ora adoh bedane karo atiku. Aku ngrasa nek aku iki, isih gampang kegawa arus. Aku banjur bolong karo seniorku, mergane senior kuwi tegas. Tapi, senior kuwi uga menungsa… sikape ora beda nalika lagi neng ngarep, utawane neng buri. Sikape, cepet gawe wong naik darah lan pengin cepet-cepet bali, saben kegiatan sing dipimpin karo senior kuwi.

Tapi, aku oleh pelajaran akeh sekang senior kuwi, aku dhadhi sabar ora mentingna awakku dhewek. Senior kuwi aweh motivasi marang awakku, aku gawe seniorku kuwi kaya cerminan ning dina-dinaku. Ketegasane, disipline, tanggungjawabe, aku sinau kuwi kabeh sekang senior iku. Mergane kuwi, sing gawe aku kelingan. Kelingan karo senior sing “serba apaan” ning mripatku.

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate