Total Pageviews

Home » » Cerkak(Cerpen Bahasa Jawa) Banyumasan Maling Sandal Sing Bingung

Cerkak(Cerpen Bahasa Jawa) Banyumasan Maling Sandal Sing Bingung

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Maling  Sandal  Sing  Bingung
       Ning sawijining dina Jum’at  tepate ning dhusun kali asat, ana salah siji wong sing terkenal banget dadi Maling. Wong mau jenege Paidin, paidin terkenal sering nyolong nang desane. Nanging nyolonge udu barang sing mewah kaya TV, Pit Motor utawa lia-liane nanging nyolonge sandal jepite warga dhusun kali garing utawa dhusun nang jejere dhusun kali asat.
          Pas kue paidin arep beraksi maning dinane pas dina Jum’at pas warga lagi pada sholat jum’at, dasar paidin batire pada sholat jum’atan deweke malah sibuk milihi sandal.
          “Allahu akbar, Allahu akbar” tandane wis komat lan jemaah pada menyat arep sholat jum’at, pas lagi pada sholat, paidin teka njur milih sendal sing apik. Mbuh nggo ngapa si paidin nyolong sandal, Nah pas dina kue ana Sandal sekang kayu apik tenan sandal kue ana trotol-trotole utawane sendal rematik. Jarene tanggane paidin, nek nganggo sandal rematik penyakit rematike bisa ilang. Nah pas kemutan kue, paidin pengin gawa sendal kue sebab awake sering rematikan, tapi pas arep jikot sandal kue ana sandal sing lewih apik lan lewih modern. Kayane iki sendale bocah enom, paidin banjur jikot terus diemek, rasane alus lan kepenak. Nanging paidin kue maling sing konsisten dadine kudu milih salah siji sandal mau.
          Paidin bingung merga loro – lorone apik kabeh, pas lagi bingung paidin ra nyadar nek jamaah masjid wis pada bubar. Pas paidin arep jikot salah siji sandal jamaah sing duwe sandal kue teka “Ehhmm” Paidin kaget terus mlayu ora ulih apa – apa merga ketungkul bingung.

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

3 comments:

Popular Posts

Translate