Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Jam 22.30.Nyong wis ora kuat nyagak mata. Karepe egin kepingin nerusna nonton filem barat neng tivi. Mbarang matane nyong wis ra kuat, yong mlebu kamar mapan turu.
Nembe baen slonjor, sekang arah mburi ngumah ijig-ijig keprungu swara radio disetel, swarane kemresek,kayane radio butut si lah. Banjur krungu swara wong wadon enom nyeluk-nyeluk nyong, “yuu... wahyu” lha wong ana swara nyeluk-nyeluk kaya kuwe ya nyong semaur, “Apa.”
Nyong krungu swara wong wadon maning, nyong ya semaur maning, “Apa ma ?” tek pikir-pikir koh kaya swarane  ma'e agi nyeluk-nyeluk nyong. Nyong terus mlayu mlebu kamare ma”e, jebule ma'e agi turu karo bapake, ngene ngorok mantep pisan.
Nyong nembeke emut, kuwe udu swarane ma'e. Swarane sapa maning nek udu swarane setan? nyong mrinding, Terus nyebut asmane Gusti Allah, “Astaghfirullahal’azhim,”
Nyong terus mlayu kamare ma'e, turu neng tengah-tengahe bapake kambi ma'e. Ma'e dadi tangi.
“Ana apa yu? Wis wengi koh ndadak pecicilan?”
“Lha genah nembe krungu swara wong wadon nyeluk-nyeluk koh, nyong ya semaur.”
“Jebule swarane sapa?”
“Genah ana swarane ora nana wonge koh.”
“Hush…ko ya salah. Donge ko aja semaur, kuwe swara setan. Ngerti swara kaya kuwe disemauri. Mulane angger garep mapan turu maca donga maring Gusti Allah ndhisit, paling sethithik maca Al Faete’ah ping telu,” nyong malah diomeih biyunge.
“nyong ya ora salah ya. Sapa ngira nek kuwe udu swara menungsa?”
Bar kuwe, let telung wulan swara sing presis keprungu maning.
“yu... wahyu... ....”
Anu wis ngerti udu swara menungsa, nyong babar blas ora nggubris. Malah, arah asal swara kuwe tek pendeliki. Nyong ora mrinding sethithik-sethithik acan. Selot suwe swarane ilang karepe dhewek.
Let setahun bar kuwe, eh .. swara kuwe krungu maning.  Nyong uga ora nggubris swara kuwe.
Seploke kadadian kuwe, wis ana setaun. Swara kuwe wis ora tau keprungu maning. nyong wis klalen karo kedadean kuwe,
##
Biyunge nembe bae bali kumpulan dasa wisma. Dheweke nyritakna dopokane kambi Mbok Dakem.
“Yu, mau nyong crita-crita karoMbok Dakem. Dheweke nyritakna anak wadone sing bola-bali diparani wong wadon enom ayu blesteran Landa, jenenge Maria.”
“Lha bocah wadon kuwe anu batir sekolahe apa Yung?”
“udu.”
“Lha sapa?” nyong penasaran.
“Engko dhimin, ” matane ma'e rada mendelik.
“Lha terus keprimen?”
“Lha mulane meneng. Critane garep diterusna apa ora?” biyunge mutung..
“Ya terusna koh!”
“Pas diparani, Sajem dopokan karo wong wadon enom blesteran Landa, jenenge Maria. Jere, anu Maria dipateni. Mayite diguang aring pereng mburi umahe Kaki Sanmiarja.”
nyong mrinding ngrungokna critane biyunge.
“Lha kuwe Sajem ngene diparani Maria anu temenan apa kur neng impen?
“Jere ma'e sih kanan-kanane anu kaya ngimpi, ”
“Ma,nyong koh dadi kemutan karo swara wong wadon sing aganu nyeluk-nyeluk nganti ping telu, swara sing keprungu angger nyong garep mapan turu. Aja-aja, kuwe swarane Maria ya Ma?”
“Genah iya koh. Nyong be nduwe pikiran kaya kuwe,” semaurane mae.
Miturut nyong karo mae, ora nana sing jere wong mati ngeton maning. Jere guru agamane nyong , kuwe anu setan sing mujud menungsa.
Merga nduwe rasa penasaran maring critane biyunge, nyong dadi ora sranta kepingin nemoni Sajem, kepingin krungu aring wong sing nduwe crita. Sekang kaca balene, Sajem keton agi nonton acara infotaimen nang tivi.
“Ana apa yu, kayane koh kesusu temen meng ngeneh,” takonane Sajem.
“Genah nyong bar dicritane ma'e koh. Jere ko sering ditemoni wong wadon enom blesteran Landa jenenge Maria? Deneng kawit gemiyen koh ora tau kandhahan. Kuwe anu keprimen?”
“Genah iya koh yu. Ya pokoke kaya ngimpi, kaya ora,.” omonge Sajem.
“Lha keprimen sih critane? Nyong koh penasaran banget.”
“ngene diparani angger nembe ngliyeb turu. Kanan-kanane nyong dopokan karo Maria. Dheweke ngaru-ara karo nangis mewek-mewek, pas agi dus-dusan neng kali . Maria depateni.nang tentara landa, Mayite dipendhem neng ngisor wit ringin pereng kali.”
“O, dadi kaya kuwe critane. Lha angger Maria garep nekani kokeprimen?”
“ko ngerti jamane radio egin transistor? Pokoke swarane dibarengi swara ngosos kaya golombang radio .”
Krungu critane Sajem, githoke inyong dadi mrinding.”
“Lha deneng sih debarengi swara kemrosos kaya sawara glombang radio ? nyong apa ora sih, tek etung-etung ana ping telu ketekan swara kaya kuwe. Seurunge ya kemresek, teus krungu swara wong wadon enom nangis mingsek-mingsek kambi nyeluk-nyeluk inyong.”
“Hah, rika ya ditekani? Lha kuwe anu neng impen apa temenan?
“Genah iya koh. Anu temenan, tapi kur krungu swarane.”
Lha rika semaur apa ora?” Sajem takon.
“Lha ya semaur, sapa ngira kuwe udu swara menungsa. Mbarang ing kepindo karo ketelu nyong wis ora semaur.”
“Aja-aja kuwe swarane Maria ya?” Sajem ngomong
“Genah iya koh, nyong ya nduwe pengira-ira sing kaya kuwe. Mulane nyong cepet-cepet ngeneh. Ndean kuwe pancen swarane Maria, Jem.”
nyong karo Sajem dadi wedi.
“Pancen Jem, jerene wong tua-an, pereng kali Wedhus sing presis mburi umahe Kaki Sanmiarja kae pancen angker, ana kunthine. nyong ngger anu be cokan krungu wong wadon ngguyu cekikikan.”
“ngene ngguyu keprimen jajal?” Sajem takon.
“Ya kaya kae, antara ngguyune menungsa wadon enom karo swara walang kerik lagi ngerik, kik ki kik kik kik …” nyong njawab.
“Seh, deneng sih presis karo pengrungone inyong ya?”
Nyong mrinding maning.
“Jem, kanan kanane, Maria kuwe wujude kayangapa?” nyong takon.
“Wujude ayu pisan koh, kaya artis sinetron. Anggon-anggone senenge daster putih. Kulite putih resik, irunge mancung ora kaya ko, awake dhuwur, rambute lurus.”
“Lha ngger nyeluk-nyeluk nyong ndean ya anu garep wadul ya Jem,” jere nyong.
“Iya kuwe, .”
“Ora usah percayai kuwe Jem. Kuwe anu setan sing agi wujud kaya menungsa.”
“Iya pancen, ”
Mbengi kuwe, kebeneran pas malem minggu. nyong kambi Sajem lunga meng perenge kali Wedhus sing presis mburine Kaki Sanmiarja. Rekane garep nguji nyali nggoleti Maria.
Wis butul nang ngono,nyong ora nemu apa-apa,ahire nyong bali.

Asline nyong gun penasaran,tapi mbarang mandan wedi ya suka ora usah...

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate