Total Pageviews

Home » » Cerkak Basa Jawa Banyumasan Gara-Gara Facebook

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Gara-Gara Facebook

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

 GARA- GARA FACEBOOK

Ana bocah arane Bayu, umur 17 tahun kelas XII SMA jurusan IPA.  Bayu kuwi seneng banget Fban utawa Facebookan. Saben menit pesti bayu update status, nalika semono bayu kancanan kalih cewek  nang facebook arane Nabilla. Bayu seneng banget apa maning foto profile Nabilla ayu lan setatuse jomblo .
Bayu : “ Beruntunge aku kenalan kambi cewek ayu ( ucape bayu sambil mesam-mesem deleng layar hp)”.
Bayu pesti selalu nge like statuse  Nabilla, Akhire Bayu nginbox Nabilla ngajek kenalan.
Bayu : “ Hai Bil”.
Billa : “ Hai “.
Bayu : “ Olih kenalan ora, aku Bayu”.
Billa : “ Olih, aku Nabilla.. ko bisa nyeluk aku Billa”.
Sembarang perkenalan kui Bayu lan Billa dados sering inbox-inboxkan.
Bayu : “Bil, aku olih njlauk nomore ko? men bisa lewih gampang komunikasine (moduse bayu, men bisa lewih deket mbi nabilla)”.
Billa : “ehm, ya olih.. iki nomore 089********”.
Saiki Bayu lan Billa dados sering smsan liwat hp, nalika semono bayu kepengin ngajak Billa ketemuan nang taman kota .
Bayu : “ Bil, aku pengin ketemuan mbi ko nang taman kota  gelem pa ora?( takone bayu)”.
Billa : “ ya kena, kapan?”.
Bayu : “ Minggu, jam 9 ya. ( mbales kambi mesem seneng)”
Billa : “ ehmm, ok “.
Bayu seneng banget menawi arep ketemuan kambi Billa. Pas dina minggu Bayu siap-siap rep ketemuan kambi Billa, nang dalan bayu mesem-mesem terus.
Bayu : “asikkk, aku arep ketemu kambi billa( ucape Bayu nang ati kambi mesem-mesem)”.
Segutule nang taman kota, Bayu langsung sms Billa  lan takon billa gi nang ngendi.
Bayu : “ Bil, ko nang ndi?”
Billa : “ aku nang jagongan pedek warung bakso “.
Bayu langsung meng warung bakso, bayu weruh billa kang lagi njagong posisine ngebelakangi bayu. Bayu mesem lan langsung nyeluk Billa.
Bayu : ‘’ Billa ?!!!”
Billa nylinguk mburi, Bayu kaget menawi Billa sing nang facebook kambi asline beda banget. Nang foto profile Billa katon ayu, tapi asline kaya kui.Bayu tetep nemoni Billa menawi ra kepenak wis ngajeki ketemuan walaupun asline nang atine bayu ora seneng.  Sejak kejadian kui bayu dados jarang smsan kambi Billa lan jarang facebookan. Bayu wis kapok menawi ketipu foto editan nang facebook.
Rampung…J

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate