Total Pageviews

Home » » KILANGAN KANCA Cerkak Basa Jawa Banyumasan

KILANGAN KANCA Cerkak Basa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

KILANGAN KANCA

                Nang siji desa yaiku Desa Krandegan, ana sekumpulan bocah-bocah sing  jenenge Fia, Angga, Gilang, lan Dedi. Kae bocah  4 pancen wes dadi kanca kawet cilik terus kaya ora bisa dipisahna. Dadi sahabat susah, seneng, sedih mesti ngrasakna bareng-bareng. Bocah 4 kae sekolah nang siji sekolah yaiku nang SMEA Banjarnegara, tapi beda kelas kabeh. Fia, Angga, Dedi kue kelas 1 SMEA, nek Gilang lha kelas 2 SMEA.
                Nang siji dina kae cah 4 bali sekolah bareng saling ngenteni, amarga siki Bulan Ramadhan dadi sekolah bali gasik, tapi si Gilang malah sue banget dienteni ora teka-teka.
Angga   : “Kae Gilang nang ndi, ora keton-keton ket mau??”
Fia          : “Eseh nang kelas mbok, tapi uwes tek SMS miki ka”
Angga   : “Ya uwes enteni bae”
Ora let sue si Gilang teka ngampiri bocah 3 mau.
Gilang   : “Ngapura ya nyong telat, anu mau ana tambahan ndeset si nang kelas, hehe”
Angga   : “Iya ora papa, mayo bali siki bae”
                Fia, Angga, Gilang, Dedi terus bali nunggang motor. Fia karo Dedi, Gilang karo Angga. Tekan umah si Angga ngomong karo kanca-kancane
Angga   :”He mengko sore aja paada kelalen ya?! Kumpul nang tempat biasa jam setengah lima”
Fia          :”Sip!!”
Gilang   :”Okeh..”
Dedi       :”iyee crewet, haha”
Bocah 4 mau terus pada bali meng umahe dewek-dewek.
                Jam dinding wes nunjukna meh jam setengah lima, langsung bae pada mangkat. Nang tempat biasa yaiku cepak umahe si Angga wes ana si Angga lan Gilang, bar kue Fia teka terus si Dedi. Cah 4 kae mung jegongan karo delengna kendaraan sing pada lalu lalang. Kegiatan kie wes biasa dilakukna, itung-itung ngabuburit amarga saiki bulan ramadhan. Salah siji sekang kae bocah ana sing ngomong.
Gilang   :”Puasane gari seminggu maning ya? Ko wes pada tumbasi apa bae kue? Hhe”
Fia          :”Lahh ye kaya biasa kie, nyong klambi hehe”
Angga   :”Nyong malah urung tumbas apa-apa kie lah jann??”
Gilang   :”Sabar bae, ora tuku sing anyar-anyar be ora gawe mriyang mbok? Haha (gloweh gilang)”
Dedi       :”Nyong malah lagi binggung, garep tumbas klambi set apa helm yaa? Mumpung ana duit si kie hehe?”
Gilang   :”Tuku apa bae kono lah sing penting ko seneng, haha”
Dedi       :”Lahh ko si apa??! Tuku kafan bae yo (gloweh dedi)”
Fia          :”Hustttt..!!! ngomonge aja ngawur li Ded lah !
Dedi       :”Iyalah ora ora, ngapura hehe”
Akhire bocah 4 kae lanjut crita-crita karo glowean. Wes jam setengah 6, bocahan mau kae akhire bali amarga wes meh magrib lan waktune buka puasa.
                Bengine bocah 4 mau ora lagi dolan bareng, tapi dolan dewek-dewek. Nah si Dedi kue dolan karo kanca-kanca kelase. Nang tengah dalan Dedi ketemu karo Fia.
Fia          :”Ko garep maring ndi ya Ded?”
Dedi       :”Dolan kie, ko si fi? Wes bengi kha urung bali?
Fia          :”Nyong sekang warung tok ka, aja kewengen kue dolane Ded! Gale dolan sing bener”
Dedi       :”Iya fii, nyong lunga set  ya hehe?”
Fia          :”Iyaa. (jawab karo mesem)”
Sidane si Dedi dolan, tapi malah ora emot wektu ngasi jam 1 esuk. Mbuh piwe critane si Dedi bali gawa motor kebut-kebutan pas nang dalan turunan sebelahe blumbang cepak umahe Dedi. Amarga ngantuk atau apa mbuh kae bocah gale gawa motor oleng terus nabrak trotoar lan akhire gigal, tambah-tambah gigale kue jegor blumbang. Amarga gigal kue terus njegor blumbang ora bisa nyela lan wes luka parah nyawane ora bisa ketulung amarga sing nulungi pada sue tekane.

                Esuk-esuk ana sing ngabari kancanane Dedi yaiku Fia, Gilang,lan Angga, anger si Dedi wes ora ana(meninggal) gara-gara kecelakaan mau esuk jam 1. Cah 3 kae langsung meng umahe Dedi deleng jasade sing ngletak nang lantai. Fia, Angga, Gilang ora percaya karo mblebes mili nger kue kanca dekete kae bocah sing wes ora ana. Jam 10 esuk waktune dikubur, kanca-kanaca kro sodarane keluarga Dedi pada nganter meng peristirahat terakhir. Kabeh wes terjadi ora bisa dihindari, kue wes takdire sekang maha kuasa. Fia, Angga, Gilang mung bisa sabar lan iklas ngrelakna sing wes terjadi karo kancane kue lan berdoa semoga almarhum diterima nang sisi Allah SWT. Aammiin  

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate