Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Ugal-Ugalan

Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Ugal-Ugalan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

UGAL - UGALAN

            Ing jaman saiki akeh bocah cilik sing wis padha isa numpak motor. Salah sijine yaiku Andi sing umure nembe sewelas tahun  utawa nembe kelas lima SD. Amarga wis ngrasakake kepenake numpak motor, wis dadi kebiyasaane Andi yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut peraturan negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis nduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
            Ing wayah sore, Bagus kancane Andi moro ing ngomahe.
            “Di, andi…andii….” Bagus bengak-bengok ing ngarep omahe Andii.
            “ Ya…..dilit” suarane Andi saka njero ngomah.
            Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasakake Bagus .
            “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Bagus marang Andii kang lagi wae mlayu marani Bagus.
            “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
            “Wuuuuu…..awak wae sing digedekake, pikiran ya digedekake !”calethune Bagus.
            “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Andii.
            “Ayo Di mubeng-mubeng nganggo motor. Mengko isa balapan, gelem ra?”jawabe Bagus karo cengar-cengir.
            “Ayo!!! Paling  yo awakmu kalah.”
            “Weh aja ngremehake,ngene iki aku wis tau juara balap karung lho.”
            “Apa hubungane karo balapan karung???”
            “Ha…ha..ha… kan pengalaman.” Jawabe Bagus karo nguyu cekikikan.
            Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetokake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Andi lan Bagus kaya wajan kang ditutuki marang ibune Andi pas lagi duka.
            “Wes siap durung gus?”pitakone Andi kang wis siap arep balapan.
            “ Siap ndan.” Wangsulane Bagus
            “Siji…loro…telu…”
            Treng …..treng….teng….teng…..Andi lan Bagus pada banter-banteran numpak montor mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan Lorenzo.
            Ana ing pertelon Andii lali ora ngurupake klakson. Ora nyangka ing lawan arah ana bakul dhawet. Andii kaget banget,dheweke bingung lan gugup.
            “Lik….lik….lik…awas”
            Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Dhawet kang ana ing grobak pada menculat ing lemah. Praupane Andi lan Bagus mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kang arep dikubur.
            “Kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye yen kaya ngene iki?”pituture bakul dhawet.
            “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula boten sengaja” jawabe Andi kang kaweden.
            “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga wis padha wutah kabeh. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
            “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak wangsul rumiyin mendet arta.”
            Akhire Andi lan Bagus tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang dhawet kang uwis ditabrak mau. Sakwise prastawa mau Andi lan Bagus uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh. Amarga nalika dheweke bali ngumah, Andi lan Bagus diseneni kaliyan wong tuwane.


Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate