NGANTRI CUKUR
Udan sedina med, ora ana mandhege. Akeh wong mlaku padha payungan, sing
nunggang montor padha mantelan, ana sing ngoyos selak kepengin tekan. Tono,
karo Nyong mlebu maring nggon tukang cukur sing mandan laris langganane Nyong, sing
gone nang prapatan cepak umahe Nyong. Umah-umahan nggon cukuran ora patiya
gedhe mung ana kaca pengilon kiwa tengen ngarep mburi. Nang kono wis akeh
sing pada ngantri, ana wong lima: bocahe
cilik loro, tanggung loro, wong tua siji, sing agi dicukur siji. Ndilalah sing
biasane tukang cukure ana sing ngrewangi, dina kuwe ora mangkat jarene agi
mriyang.
Nyong
njagong ngenteni giliran karo ngringokna radio. Wah, sing agi pada ngenteni giliran cukur wis pada ora
sabar sebabe wis sore, wis arep wektu Ngasar. Sing jenenge ngenteni rasane suwe
banget, semenit kaya sejam, suwe benget. Sing biasane paling nyebele ya
ngenteni wong cukur model-model, sing digawe sasak, sing kucir, sing
model njegrik nang ndhuwur kaya arep nantang langit, karo sing model artis-artis
Korea. Apa maning sing cukure ndadak karo disemir.
Siji-siji sing dicukur model biasa ora nganti limang menit sepuluh menitan rampung.
Saiki, sing dicukur gilirane wong tua sing karo disemir. Rambute pancen
wis keton dawa, semirane wis ora genah, separo rambute wis putih. “Aja kelalen
semire sing maen, sing mandan larang ya kena, ora apa-apa”, ujare wong tua
kuwe. Tek rasa tambah suwe maning inyong gole ngenteni, semiran sing maen genah
lewih suwe gole ngolesna lan lewih ngati-ati. Nyong sing jenengane ngenteni apa
baen sing mandan suwe mandane ora sabar. Nyong terus bali deset meng umah.
Ora nganti rong puluh menit Nyong wis mbalik maning. Nang kono wong tua kuwe
esih dicukur. Rampung nyukur tukang cukure ora langsung mrentah Nyong kon
njagong nang kursi cukur, malah pamit kebelet maring mburi karo agep perlu
Ngasaran. Ora nganti kesuwen tukang cukure wis mbalik maning nang kono karo Nyong.
Sing kudune wektu kuwe esih padhang, mendhunge kandhel marahi peteng ndhedhet
kaya wis liwat wektu Maghrib. Bareng karo bledheg ngampar-ngampar dibarengi
udan deres Nyong dikon njagong nang kursi cukur. Slimut cukur digubedna maring
awake Nyong. Cukur nembe sedela ana bledheg seru banget kaya nyamber umah
cukuran kuwe. listrike mati. Tukang cukure langsung ngempakna lilin. Ngasi
lilin sing diempakna arep enteng sepertelon, listrike ora mempan-mempan.
Nyong ora wani ngomong apa-apa. Udan sing gede kaya agi nutupi kabeh pikiran.
Sirahe Nyong tak elus-elus karo tak deleng nang kaca hurung separo sing
decukur. Cukurane nyong mesti kudu rampung, mbuh kepribe carane. Tukang cukure
wis ngomong peralatane dina kuwe agi ora lengkap, aki batere lan batu batere
nggo nguripna mesin cukur ora digawa keri nang umah. Lampu senter cas-casan ya
ora digawa. Nyong ora bakalan ngomong “kepribe jane” maring tukang cukure.
Tukang cukure keton krasa salah. Tukang cukure njikot hp-ne nang meja, nelpon
wong nang umah dikon nggawakna alat-alat sing dikarepna.
Wektune wis maghrib. Listrik durung mempan-mempan. Udane wis mandan cilik. Sing
ditelpon maring tukang cukure hurung teka-teka. Nyong esih njagong nang kursi
cukur esih digubed slimut cukur. Sidane Nyong dicukur karo gunting alon-alon diobori
karo lampu senter sing nembe teka.
Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan
0 comments:
Post a Comment