Total Pageviews

Home » » Cerkak Basa Jawa Banyumasan Persahabatane Wong Telu

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Persahabatane Wong Telu

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

“Persahabatane Wong Telu”

Nang sebuah desa sing jenenge Desa Kota Anyar terdapat telu remaja sing kawit cilike wis kancanan. Kawit TK nganti SMK sekolahe bareng terus. Nek mangkat sekolah pada ente-entenan, nek sing siji urung siap ing liyane pada sabar ngenteni. Nek wis pada siap kabeh tembeke pada mangkat. Kang  telu remaja iki jenenge yakuwe Ali, Hendri karo Wawan. Wong telu kie sekolahe nang SMK 1 Bawang kelas 12 Teknik Komputer dan Jaringan 2. Ali nang sekolah mendalami ilmu sepakbola, karo melu SBB. Nek Hendri seneng nang bidang Kesehatan dadi hendri melu ekstra PMR. Sedangkan Wawan senenge nang keagamaan, nang sekolahane hendri melu ROHIS (kerohanian islam). Tapi bocah telu kie nduwe hobi sing pada yakuwe seneng ndeleng naruto.
Nang suatu dina Ali pengin ngajak kanca-kancane mau  kumpul-kumpul. La pas dina selasa nang sekolahan, pas bali sekolahe Ali ngomong meng Hendri karo Wawan.
“Ndri, Wan malam mingguan ngesuk kumpul-kumpul yuh !” Ajake Ali
“Kumpul-kumpul pan ngapa ?  wong aben dina wis ketemu ka” ujare  Wawan
“Iya koh, arep ngapa si ? takone Hendri
“Iya kumpul-kumpul nggo njaluk donga dela maning kan pan UN, terus ya mbokan ngko wis pada lulus kan pada misah, ana sing nglanjutna, ana sing kerja ya carane nggo kenangan dewek lah, ya karo bakar-bakar,  makan-makan mbrang lah, gelem ora ? ajake Ali
“Iya nyong gelem banget kuwe” Jawabe Wawan
“iya lah sepisan-pisan ka, dewek juga urung tau ngadakna acara kaya kuwenan”Jawabe Hendri
Pas malam minggune, bocah telu kie pada kumpul acarane pun lancar.
Terus remaja telu kie akhire lulus uga, Sawise kuwe remaja telu kie pisah, nglanjutna kuliah pada karo ke ahliane dewek-dewek. wis nganti suwe ora ketemu, saiki remaja kuwe wis dadi individu sing lewih dewasa ora pernah mikirna dolanan bareng maning.
Pas saiki bertepatan karo bulan Ramadhan, kuliahe pada prei, terus pada mbalik meng daerah asale maning yaiku Kota Anyar. Dadi remaja telu kuwe teyeng kumpul-kumpul maning. Tapi kumpule udu nggo dolanan maning, tapi nggo sholat tarawih bareng-bareng. Pas ketelu remaja bertemu awale rasane canggung amarga uwis ora akrab maning kaya mbiyen. Tapi suwe-suwe remaja kuwe akrab maning  kaya mbiyen, kaya pas dolanan bareng kumpul-kumpul bareng. Remaja kuwe juga seneng tadarusan nganti wengi. Wawan ngingatna meng Ali karo Hendri nang bulan Ramadhan kie akeh-akeh nambah amal sing apik, ben ulih limpahan pahala kang gusti Allah. Dadi remaja kuwe kumpul maning tapi nggo aweh ilmu men nambah pahala.
Lan ketelu remaja kie seneng amarga nang bulan Ramadhane iki ngulihna pahala, uga nggawa persahabate kaya mbiyen maning. Nganti wes pada sukses wong telu kui mau isih pada njaga komunikasi. Saben taun wong telu kue nganakna kumpul-kumpul kaya pas agen nang SMK. Tamat




Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate