Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Curug Pletuk

Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Curug Pletuk

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

CERKAK
Curug Pletuk

Esuk iki pas dina minggu, inyong lan kakange ngajek kanca-kanca padha maring pletuk. Pas nang dalan kancane inyong padha foto-foto, inyong diprentah moto kancaku sing arane Ulya.
Ulya“Rin, inyong njaluk tulung olih ora ? tulung motokna aku lan kakangmu, iki camerane. Kandhane kancaku karo ngulungna camerane.
Pas inyong arep moto, kancaku wes ngomong yen dalane agi lunyu wong pas kuwe agi mangsan udan.
Ulya“Ati-ati Rin, dalane gi lunyu-lunyu mbokan keplarak. kandhane Karo action-action.
Inyong“njaluk di motokna be kakean omong. !” nggresahe batine inyong.
Tapi aku ora ngringokna sing di omongi kancane inyong miki. Temenan,  pas inyong agi moto kancane, inyong mundur-mundur ora weruh yen dalan kuwe wes bodhol lan lunyu. Ora nganggo suwe, inyong keplarak klambine lan tase glepotan belet tok.
slaraaaaakkkkkkk…… gabruuuugggg !!!
Inyong: “aduuuh tulungi ki inyong keplarakk..(karo nahan lara).
Kanca-kanca:  “hahahahhaa…(pada guyuni inyong kabeh).
Inyong:  “bukane nulungi malah diguyu..Ooooo pancen kaa..!!!! (Mandan mangkel).
Kakang: “lhaa miki wis dikandhani kudu ati-ati, malah ra digubris. !ya ngono rasakke dewek. hahaha ndais pora. (ngledhek).
Inyong diguyu marang kancane inyong lan kakange. Jan rasane isin banget, gara-gara ora ngringokna apa sing di kandhani marang kancane. sedalan-dalan kancane inyong ora rampung-rampung guyuni inyong pas keplarak mau. Pas kancane inyong agi guyu-guyu,  mlakune dleseran ora genah, kakange inyong wis ngandhani yen dalane bodhol lan mlakune kudu ati-ati.
Kakang: “awas Ul mbokan keplarak kaya adine inyong miki” kandhane kakange inyong marang Ulya.
Ulya: “halaah wis tenang bae, inyong iki ra bakal keplarak kaya adimu (Mandan nggaya).
Inyong: “awas bae nek keplarak, bakal tok guyu ngasi tekan pletuk. !
Sawise kuwe,ijig-ijig inyong krungu nang mburi ana suara makgabruk kaya wong gulung. Inyong nylinguk marang mburi,  jann temenan kancane inyong padha bae keplarak kaya inyong mau.
Inyong: “Hahahaha, rasakna kuwe, mulane aja nggaya. ! (guyu kepingkel-pingkel).
Kakang: “hahahahah…. Lha kuwe temenan keplarak sii, butuh pitulung ora kuwe ?! (guyu ngakak karo mandane ngledhek).
Ulya: “weleeeeh padha ngenyek temen kuwe, ya butuh ka mage lah cepet ditulungi. ! (karo gela lan nahan isin).
Sawise kedadean miki, saiki mlakune padha ati-ati banget, mergane mbokan ana sing keplarak maning si. Ora suwe mlaku, inyong, kancane lan kakange inyong tekan pletuk. Jan rasane seneng banget wis tekan pletuk, angine seger, akeh wit-witane. Inyong, kancane lan kakange inyong padha jeguran nang curug pletuk nganti padha kanyesen. Sawise iku, inyong njaluk bali, amarga wis banget kanyesene. Nang dalan, inyong, kancane lan kakange inyong padha kandhahan lan ora lali padha foto-foto. Jam 15.30 tepate, inyong ,kancane lan kakange inyong tekan omah. Jann rasane kesel banget, tapi seneng olih pengalaman sing lucu lan bisa di dadikaken palajaran kanggo inyong lan sekabehane.

                                                             Rampung     

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate