SANDAL ANYAR
Ing pasar adhine Peno ngrengek njaluk sandal
anyar. Sandale adhine emang wis bodhol lan wis ora ana rupane. Adhine Peno
jenenge Tia,sing umure 5 taun. Peno sayang banget karo adhine, merga iku adhine
siji-sijine. Peno saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai
ing desane.
“Mas tukokake
sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Tia sing arep
nangis.
“Mas ora duwe
duwit,Tia. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Peno sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukokke Tia tetep meneng
nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae
kurang apa maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Peno bali
menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Peno
bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis
pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada
mekar. Senajan Peno saking keluarga sing ora
mampu, nanging bapake pingin Peno dadi wong sukses lan pingin nyekolahke
nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Peno termasuk siswa sing
pinter ing sekolahane. Wengine pas Peno arep sinau lan bapake sing nembe bali
kerja mereki Peno.
“Peno, kowe kudu
dadi wong sing berguna lan ngelewihi
bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Peno.
“Nggih
pak,kula ajeng usaha,” ngomonge Peno.
Esuk-esuk sing atis banget Peno wis
tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo nang sekolah. Peno nguja mangkat
esuk merga Peno arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMK. Sewise siap Peno
pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin.
Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Tia,”
pamitane Peno karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin.
Ati-ati ya Peno,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku
sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
Tibaning sekolahan Peno deg-degan
amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga
dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing
apik. Ing lomba Peno bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener.
Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Peno. Peno langsung nerima piala
karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Peno bali menyang omah
karo sumringah gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum.
Bu,pak.”
“Wa’alaikum
salam, ana apa Peno?”pitakone ibune Peno.
“Bu, kula nrima
juara 1 lan Tia bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Peno.
Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune
sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Peno ngajak Tia
adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing
werna apa Tia?” pitakone Peno maring adhine.
“Sing werna pink
mas!”
Langsung bae Peno
tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Peno lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo
jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mas.”
pitakone Tia maring kakange.
Atine Peno tambah
bungah.
Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan
0 comments:
Post a Comment