Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Namyumasan Nggolet Sahabat Kue Sing Kepriwe si?

Cerkak Bahasa Jawa Namyumasan Nggolet Sahabat Kue Sing Kepriwe si?

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Nggolet Sahabat Kue Sing Kepriwe si?

Langit nang dina Sabtu iki lumayan mendung,ngiringi mendunge ati cah wadon sing nang ngarep omah.Srengenge sing awane jemberet nang awang awang siki wis meh mudun sekang cakrawala.Pandom cendeke jampun wis mlaku arah 5, gerimis juga wis teka nambahi nyesek ati cah wadon iki.Ovey ,cah wadon kelas 10 jurusan Tekhnik Komputer dan Jaringan  nang Smkn 1 bawang sing aben dinane diceluk nang wong wong,irung sing pesek,kulit sing lumayan manis karo rambut sing lurus sepundak , wis 3 jam lewih nunggune bocah sing kayane ora due ati.
Ati nyesek,bedak sing wis nempel nang pipi tembeme wis pan luntur ,parfume sing wis disemprot sebotolpun siki wis meh ilang kegawa angin sing liwat.Hape ecek ecek merk Samsung iki wis wara wiri dipenceti nganggo jeruji tangan mungile “Eleeh...iki pacare nyong nang ndi si,anu ora due ati ora due perasaan apa kepriwe lah,pengin tok cakot sumpah...”nggrumele bocah wadon sing crewet iki. ”...sabar li dek mengko li teka,wong dadi bocah ka ora sabaran temen...”semaur bapake ovey sing ijig ijig ngadeg nang mburi kursi sing di jagongi ovey.” Ineee bapake marai Ovey kaget lah ,bapake kue ka ora ngerti temen anake iki si,mbokan bapak mriksani nek ovey wis njagong anteng ora anteng nang kursi iki kit mau jam 3,nganti njamur nek ngenteni si pesek kae !!!” tambah banter nek nggrumel karo lambe sing kaya pan gigal sekang tempate.” Elah dek sabar to,kaya ko ora pesek...?mengko Hendro teka dela maning”. Glewahe pak Supri sing paling eman maring anak wadon siji sijine kue.
Banyu udan wis meh mili sekang talang umah sing sederhana,nambahi semribit angin nang dina setu iki,emosi sing wis numpuk nang ati kaya pengin cepet cepet njeblug nek cah pesek kue teka.Ora let sue suara knalpot jupiter biru nomer R 4502 NM wis apal banget nang kupinge ovey,Hendro sahabat deket jan deket banget juga sing wis 3 taun bareng ngegas banter nang gang umahe ovey sing lumayan amba.”..Ngapure dek,mas ngerti mesti ade pan njeblug,tapi sumpah mas njaluk ngapura banget..”karo nyopot helm centro biru ngglewehan garinge Hendro nggo ngademna atine ovey.”..Aaaaaaa mas jahate poll sumpah,ora ngerti temen si ora due pikiran temen si ko mas,jal diitung wis pirang jam wis pirang taun ade ngenteni mas“omahine ovey karo nyiwiti tangan kirine cah lanang sing lumayan lugu kue.” Iyung lara dek sayang,ya wis mengko mas jelasna,mayo cepet jere wis  telat,pamit nggih pak,iki anake bapake tok bekta sekedap”ajeke cah lanang sing sopan tapi lucu kue karo njabat astane .”Ohh bocah semprul ya wis nganah di ati ati,aja kelalen sate madurane ya.haha” glewehane bapak sing egin mandam enom kue.Bapak Supri sing seumuran 35 tahun kue emang senenge glewehan maring kanca kanca anake bukane kepriwe kepriwe soale pak Supri iki rumangsa nek ora ana kanca kanca sing setia mbuh dadi apa Ovey saiki ,kaya pepatah bae nek seneng glewehan seneng ngguyu mesti awet enom.
Siki cah loro kue wis nunggang nang jok motor jupiter biru kue,knalpot sing egin orisinil moni alus nang gang cilik,motor sing setia mbatiri 2 sahabat kue dolan wis dirasa ibartna kereta sing ditunggangi raja karo ratu,tetesan banyu udan juga ngiringi dalane cah 2 kue nambahi romantis mlakune cah kue meng umahe Fyana sahabat karib sing lagi ulang taun.Kaya janjine ovey sing bakal ana apapun sing terjadi wong juga wis dadi kebiasaan nek ana Fyana mesti ana Ovey karo Hendro.
Fyana kur bisa lendehan njagong nang kursi sofa nang ruang tengah omahe,wajahe siki ibaratna rembulan sing pan ketutup awan peteng karo netesna banyu mata sekang mata bundere ,Fyana seneng banget bisa nganakna acara sukuran nang dina laire 8 Agustus,tapi banyu matane tambah deres kelingan sahabat sing paling deket ora teka nang acara ulang taune” Mah,Vey karo Hendro ka tega temen ora rumangsa banget yakin....”nggrumele fyana karo pipi tembem sing wis abang karo lambe abang sing kaya meh gigal juga “Mah padahal kurang apa Fyan,mesti nek Ovey Hendro butuh apa apa , Fyan selalu ana nggo kae,pas Ovey kena polisi mesti Fyan melu mbantu pas Ovey di ece karo kancane ya mesti Fyan melu mbantu mah” tambah deres banyu sing mili sekang mata gedene fyan.
Ora let sue suara mesin motor Jupiter moni nang garasi umahe Fyan,wajah sing  maune ketutup karo tangise siki berubah dadi sumringah,Fyan langsung mlayu secepete kaya bledeg “ Ovey.......!!!!!!!!”tangise Fyan karo ngrangkul sekencenge meng pundake Ovey,Ovey kur bisa meluk karo melu nangis tanpa omongan sekecap kecape .Cah Wadon kue wis kaya sodara gantung ora teyeng dipisahna keluargane juga wis ngerti nek anak anake wis dadi sahabat sing bener bener akur.” Ngapura ya Yan,iki salahe inyong kabeh..nek udu karna inyong mesti ko ora bakal kaya iki ora bakal kecewa kaya iki.ngapura banget ya”,omonge Hendro.”Alah wis Hen ora papa sing penting ko cah loro wis nang kene rela udan udanan demi mengne inyong....”jawab si Fyan.”Ora Yan kue kabeh emang salahe Hendro,padahal mas Hendro ya wis janji bakal njemput inyong jam 3 hah tapi buildshit lah”pedot omongane Fyan.”Vey tapi mas telat nek njemput juga ana alasane usah  salah paham disit ya lah,nganggo logikane ko jal,masa iya ko pan  lunga pas ana mbahe dewek sing lara ,apa ko pan ngelakukna hal sebodoh kue?haaaa jawab !!!” nggetake si Hendro.”Haa wani temen nggetak nyong mas?nyong ngerti ko ora sayang meng nyong melu mbahe bae nganah usah karo nyong,lunga nganah !...”emosi sing emang awit jam 3 numpuk wis metu kabeh omongan kasar ora liren lirene diucapna sekang mulute Ovey meng Hendro sing wis 3 tahun juga pacaran karo Ovey,tapi emang tembe tau nganti se emosi kue.” Ora olih kaya kue Vey,ko ngerti artine sahabat ora si??”nggetak Fyan meng mukane Ovey.”Iya tapi seorane Hendra kue ngomong !!” Emang Vey ,kabeh kue udu sengaja emang dewek kudu ngerti keadaane sahabate dewek,dewek juga egin melu wong tua kan,dadi ya Hormati wong tua,haruse ko bersyukur Hendro egin bisa nrima ko sing egin kaya cah cilik,walaupun Hendro lagi ana musibah tetep nyempetna waktu nggo njujugna ko meng acara iki,haruse ko kue ngerti..”penjelasane dewasane Fyan nggo Ovey. Emang nang persahabatane cah 3 kue sing paling dewasa kur Fyan tok,Ovey sing egin labil bisa bae berubah suasana ati sing maune seneng bisa bae ijig ijig nyebeli,tapi kuelah Ovey terus Hendro sing bisa momong Ovey walaupun emang urung bisa banget sedewasa Fyan.

Sekang perdebatan kue,Ovey langsung meneng ora ngucapna kata kata kur nangis nang rangkulane Fyan,mungkin emang bener nangis bisa ngelong emosine dewek” Wis Vey njaluk ngapura maring Hendro”karo ndengakna sirahe Ovey.Hendro sing maune njagong nang kursi ngarep umah mlaku ngampiri cah loro kue pada rangkul ragkulan nangis bareng bareng “Ya mas Ovey njaluk ngapura Ovey emang labih,tapi Ovey emnag sayang meng mas”...”iya dek mas juga sayang”.Fyan sig maunaae melu rangkul rangkulan langsung ucul sekang rangkulan kue “Loh denge sok romantise ko tok,sing lagi ultah mbokan aku ye”glewehe Fyan nggo ngrubah suasana.Awit kedadean kue 3 sahabat kue tambah akur,berharap nek nganti tua bakal bareng terus saling ngisi waktu.Acara ulang taun Fyan sing ke 17 iki bakalan dadi ulang taun sing ora bakal dilupakna karna akeh banget pelajaran nang 3 sahabat kue.Happy Ending J

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate