Kawiwitan saka mimpi
Sakmono uga, ana bocah seng
jenenge Bahrudin. Udin kui saka keluarga seng ora nduwe lan uga anak yatim
piatu. Utawane ora duwe rama lan biyung. Soaiki Udin uripe karo simbahe seng
arane Mbah Painem. Mbah Painem sering gawe pecel terus diadol maring Udin nang
sekolahan. Nang sekolahan Udin sering diejek marang kanca-kancane.
“haha.. udin udin, ayahene egen
bae adol”, kaya kuwi omongane Adhi. Pantes Adhi kuwi anake wong paling sugeh
nang desane lan ugi anak kepala sekolah nang sekolahane, dadi Adhi kuwi
sekepenake dhewek ngenyek batir-batire.
“(udin mung bisa nahan sabar)”.
Neng ngumah, Udin ngalamun,
bayangaken kepriwe uripe ngemben.
“udin...” mbah Painem ngundang
Udin. Amargi Udin lagi ngalamun, Udin ora krungu yen didundang marang simbahe.
“udin..” mbah Painem ngundang
maning.
“i,i,, iyo mbah wonten nopo ?”
udin kaget.
“lagi opo to ndok ??, tak
celokna ket mau kok tembe semaur” simbah takon marang Udin.
“mboten wonten nopo-nopo mbah”,
udin semaur
“oo.. ya wis nek ora ana
apa-apa, saiki adus banjur sholat lan mangkat ngaji nang mesjid”, ngendikane
mbah Painem.
Amarga Udin wong ora nduwe,
Udin ora tau nglaleake sembahyang lan ngajine. Semono uga Udin wis tau juara 1
Khiro’ah tingkat kabupaten Banjarnegara lan gawe bangga simbahe uga sekolahe.
Sak wengine Udin terus ngelamun, mbayangaken yen Udin arep
kerja apa nalika Udin wis gedhe. Pas kuwi Udin terus semangat sianu kanggo
ujian kelas 6 SD. Wektu kuwi wis kaliwat, kanthi pengumuman kelulusan. Udin ora
nyangka yen dheweke oleh rangking pertama lan ulih beasiswa neruskan meng SMP
favorit. Udin bersyukur, sanajan dheweke yatim piyatu tapi tetep bisa sekolah.
Pirang taun lanjute.. udin dadi wong sugeh, sukse, lan nduwe
pirang-pirang Perusahaan seng ternama. Sanajan Udin wes sugeh tapi Udin ora
dadi wong kang umuk kesugehane, tapi tetep dadi wong kang rendah ati.
Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan
0 comments:
Post a Comment