Total Pageviews

Home » » Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan ATM

Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan ATM

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

ATM

Ing sawijining dina,ana anak kar ibu,jenenge jono lan Bu Sri yaiku biyunge Jono.Biyunge Jono arep tuku gas sing nang umah uwis entek banjur biyunge jono mrentah jono kon jikot duit nang ATM.
“Jon mengko sore koe meng ATM yo jokot duit,duite kanggo tuku gas”prentah biyunge Jono.
“Yo bu”semaure Jono.
Wektune wis sore jam 3 nan biyunge Jono langsung mrentah jono kon menyang ATM
“Jon wis sore jikot duite siki bae iki kartu atme”prentah biyunge Jono karo ngewehi kartune
“yo bu”semaure Jono
Sawise tekan tekan ATM jono bingung amarga lawange ora teyeng di bukak.
“aduh kepriwe iki lawange ora teyeng di bukak tak bali disit bae lah mengko balik maning”ujare Jono
Sawise tekan umah jono langsung ngomong karo biyunge nek lawang ATM e rusak.
“BU mau lawang ATMe rusak ra teyeng di bukak”ujare Jono
“Yo uwis lah mengko bae jam 4 koe balik maning menyang ATM mbokane lawange wis dadi”semaure Biyunge Jono.
Saiki uwis jam 4  Jono langsung lunga menyang ATM ,sawise tekan ATM jebule lawange tetep bae rusak ra bisa di bukak,akhire jono balik maning meng umah.
“bu lawange tetep bae ra bisa dibukak”ujare Jono
“apa iya?,lha koe wis takon karo satpame apa hurung?”takon biyunge Jono
“lagi ora ana satpame bu lagi sepi banget”Jawabe Jono
“ya uwis ayo meng ATM manig Karo Ibu”ujare biyunge Jono
Pas wis tekan ATM biyunge jono kebingungan karo mikir endine sing rusak padahal lawange isih bener
“Kkkkrrrreeekkk.Lha iki lawange teyeng dibukak jon “ujare Biyunge Jono
“oh Iyo yo,teyeng di bukak mau lawange ora teyeng di bukak he”ujare Jono karo bigung
“lha mau koe bukake lawang di tarik apa di surung?”takon Biyunge Jono
“mau lawange tak surung bu”jawabe Jono.
“oalah ya memper lawange ra teyeng di bukak.Lha koe ngerti ra iki tulisan PULL artine apa?”takon biyunge Jono
“ngerti bu lah artine PULL artine kui RUSAK”jawabe Jono
“oalah Jon koe ki pancen bocah pinter tapi kepinteren ya,PULL  ki ya artine udu RUSAK  tapi artine DITARIK
Jon!,mulane nek sinau Bahasa inggris sing bener lan temenanan ben ora ngisin-ngisini……….”………


R  A  M  P  U  N  G 











Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate