Total Pageviews

Home » » Cerkak Basa Jawa Banyumasan Amarga Aku Tresna Sliramu

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Amarga Aku Tresna Sliramu

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Amarga Aku Tresna Sliramu

Gilang lagi enak-enake nyruput es teh ujug-ujug saka burine ana tangan alus uga wanginutupi mripate wong lanang gondrong iku.“Haya sapa jal……” celathune Dila.“Apa ta Dil?” saurane Gilang tanpa mikir suwi.“Lho kok ngerti ta nek aku?”“Elho nek aku ki wis apal karo ambumu, jarak 100 meter wae aku wis bisa ngrasakake ambumusing kaya wedus kuwi” celathune Gilang sakgeleme.“Huh….dasar kucing garong.”“kwakwakwa…” Gilang ngakak .Mengkono mau yen Gilang karo Dila ketemu wis kaya kucing karo wedus wae. Bocah loromau pancen wis akrab banget awit OKKA dianakake. Kekarone padha njupuk jurusan seni musik ana ing Unnes.“Dil aku bali kos dhisik ya, meh melu porak?”“Ah ora, aku bar iki isih ana kuliah.”“Tenan ki ora melu, mengko gelo lho,” Gilang sajak mbeda Dila.“Gelo jawa, wis mrana lunga ah nyumpek-nyumpeki wae nangkene.”“Ya wis aku ndisik ya,” celathune Gilang karo njangkah metu saka kantin.Tekan ana kos-kosan Gilang langsung golek kertas lan kuas gawe nglukis. Senadyan jurusane dheweke seni musik nanging yen dikon nggambar pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong yen Gilang kuwi bocahe nyeni bangeti. Akeh banget kancane sing njaluk tulungdilukisake dheweke. Awit saka nggambar wong, kewan, kembang, lan liya-liyane dheweke bisakabeh. Anehe saben-saben arep nglukis rupane Dila dheweke ngrasa angel banget. Ora bisalangsung dadi kaya nek nglukis liya-liyane. Mula iku saben mentas ketemu Dila dheweke langsungnglukis raine bocah wadon ireng manis iku sak kelingane. Yen awangane marang raine Dila wislamat-lamat ora cetha dheweke nglereni anggone nglukis. Mengko yen wis ketemu Dila maneh lagidibajutake.“Wiuh edan tenan lukisanmu Lang, kaya lukisane tukang lukis professional wae,” aleme Sendykanca sakosane Gilang.“Ah biasa wae ngono kok.”“Lha sing kuwi gambare sapa ta Lang, kok aku weruh wiwit sesasi wingi nganti sakiki durungrampung-rampung,” pitakone Sendy karo ngacungi gambare Dila sing durung diwenehi lambe.“Oh kuwi gambare kancaku Dila jenenge, aku ya ora ngerti nglukis wong siji kuwi kok angel banget,” saurane Gilang.“Wah mesthi wong special ki, nganti arep nggambar raine wae grogi,” Sendy mbeda Gilang karocekikikan.Sore iku Gilang nembe ketemu karo Dila, kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe nglukis. Nerusake lukisan sing durung rampung-rampung iku. “Wahakhire aku bisa ngampungke lukisan iki,” ucape Gilang saka jero atine. Sawise telung sasi nggawelukisan iku akhire bisa rampung.Tanggal sewelas Januari kang diarep-arep Gilang wis tekan. Dheweke ngenteni Dila singlagi latihan nggitar ana ing gedung B7. Sawise rampung latihan Dila weruh Gilang sing lagi jagongan ana ing ngarepan.“Heh ngapa kok durung bali Lang kan kowe wis ora ana kuliah ta? Ngenteni aku ya?” Dila sajak ngajak guyon.“Iya aku ngenteni kowe Dil.”“Ana apa kok kadingaren temen gelem ngenteni aku?”“Ayo tak jak maring kosku sedhela wae.”“Kok mung sedhela wong suwi ya ora apa-apa,” Dila langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.


Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate