Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Perjuangan

Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Perjuangan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Perjuangan
            Dena, jeneng salah siji bocah sing sekolah nang SMK negeri sing ana nang Banjarnegara, saiki Dena lagi nang kelas X TKJ, Dena melbu SMK kuwe lewat jalur prestasi, deweke pinter olahraga basket kawit SMP. Dena seneng melu basket mergane nek lagi basket Dena bisa kelalen karo kabeh masalahe, tapi siji sing ora bisa diadepi nang Dena. Dena jane ora oleh melu basket nang wong tuane mergane Dena wis tau cidera lan basket wis nggawe nilaine Dena dadi mudun.
            Tapi Dena tetep ora bisa lepas sekang basket, mergane sekang basket Dena wis oleh akeh pengalaman. Mulai sekang lomba tingkat daerah nganti tingkat nasional, jane Dena ora pengen nglanggar perintah wong tuane, tapi Dena pengen mbuktikna meng kabeh wong, ngger Dena bisa oleh nilai apik lan aktif juga nang bidang non akademik.
            Mulai semester 2 Dena mulai berubah, wis ora tau nunda nunda sinau lan nggarap tugas, tapi juga isih aktif nang basket, Dena usaha lan terus usaha ben nggapai apa sing dipengini. Sekitar 2 bulan maning Dena arep dimelukna nang event basket tingkat nasional. Tapi wong tuane ora ngolihna, Dena terus mbujuk wong tuane ben ngolihna deweke nggo melu event kue dengan jaminan nilaine Dena kudu apik. Nek bar event kue nilaine Dena isih mudun, Dena wis ora bakal oleh melu basket maning, tapi dena ora ana mundure, Dena tetep usaha sinau sesibuk apapun.
            Waktu nggo event teka, Dena wis siap kabehane, Dena main apik lan konsisten dadi bias nggawa tim daerahe dadi juara 2 tingkat nasional kue. Saiki tanggung jawabe Dena berkurang siji, gari janjine meng wong tuane arep ngolehna nilai apik nang semester iki, dina – dinane Dena akhir akhir iki gur diisi sinau lan les ben bisa mbuktikna meng wong tuane nek jane Dena kue bisa. Waktu test 2 minggu maning, Dena isih ora yakin bisa ngolehna nilai apik, tapi Dena optimis lan usaha terus terusan.
            Waktune test dina iki, Dena percaya bisa nggarap dengan lancar, 8 dina kelewat, test wis rampung saiki Dena gur bisa ndonga lan ndonga ben nilaine bisa munggah, pas pembagian rapot, kayangapa senenge, Dena melbu 10 besar nang kelas. Akhire wong tuane Dena percaya ngger basket kue ora nganggu pelajaran, tapi bocahe bae sing kepriwe menyikapine karo kegiatane sing padat.
            Saiki Dena wis lega, Dena wis bisa nggawa nama baik sekolahe lan mbahagiakna wong tuane, saiki wis ora ana hambatan nggo Dena nggo nglanjutna mimpine. Wong tuane juga saiki ndukung nek Dena ndue prestasi nang bidang non akademik, akhire perjuangane Dena ora sia – sia.

Makna : kabeh perjuangan sing dilakokna, ngger disertai karo usaha lan doa pasti bakal ngasilna sesuatu sing ora sia sia, kaya nang cerita kie. Tamat

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate