Total Pageviews

Home » » Cerkak Basa Jawa Banyumasan Luwih Saka Kanca Biasa

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Luwih Saka Kanca Biasa

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Luwih Saka Kanca Biasa

Cerita iki kue ora nyata utawa cerita fiktif, kabeh jeneng lan critane kui ora nyata. Mung karangane inyong tok, kie critane :
Ceritane ana seorang pemuda sekolah nang SMKN 1 Bawang jurusan TKJ, singkatan saka Teknik Komputer lan Jaringan. Bocah kue jenenge Jaka, uripe Jaka kegolong sederhana yaa bisa diomong pas-pasan lah. Awit saka rambut nganti sikil, apa maning raine. Nah sebab sekolahe wiro adoh saka umahe, yaa kira-kira 15 km lah, mula saka kue bapake nukokna motor. Jaka seneng banget, pas arep mangkat sekolah Jaka pamitan karo wong tuane
Jaka                       :”Pak, mbok nyong arep mangkat sekolah set…”
Ibune                    :”ya ngana, ngati-ati Jak”
Ramane               :”Jak, tak tukokna motor gelem ora?”
Jaka kaget tapi mandan bungah,
Jaka                       :”Arep banget pak, pan ditukokna kapan?”
Bapake                 :”ya mengko ko bali li wis ana, apik yakin motore, pas banget karo ko, keren lah”
Banjur kuwi Jaka langsung mangkat sekolah, saking bungahe Jaka kelalen ora njaluk sangu. Pas nang mikro Jaka nembe krasa, pas kuwe juga Jaka lungguh jejer karo bocah SMA Bawang. Jaka ngajak kenalan sambi modus sekalian arep nyilih duit go bayar mikrone
Jaka       :”Mbak nyong njaluk tulung banget, nyong kelalen ora ngawa sangu, tulung bayarna mikrone  yaa??”
Mba       :”Iya gampang mengko”
Jaka       :”Suwon ya mbak, kenalan yo, nyong Jaka”
Mba       :”nyong Rina”
Jaka       :”nyong njaluk nomor hp ne olih ??”
Mba       :”iya nyeh, wis meh tekan we”
Jaka       :”ya wis suwon ya Rin, nyong tak mudun set”
Mba       :”iya iya”
Bubar sekolah Jaka langsung cepet-cepet bali, atine bungah banget jalaran arep ditukokna motor.
Mbatine Jaka arep ditukokna motor apik kaya Ninja, MegaPro, utawa Satria. Tekan omah Jaka kuciwa
jalaran motore udu sing dikarepake Jaka, motore wis tua tur maning gampang mogok tapi Jaka tetp
bersyukur isih bisa ditukokna sepeda motor senajan ora apik.
Jaka kemutan cewek pas nang mikro mau, Jaka kemutan nek wis utang maring cewek mau banjur Jaka
SMS cewek mau, Rina kuwi bocahe ayu, penakan, humoris, nyenengi lah, mula saka kuwi nek motore
Jaka lagi mogok Jaka numpak mikro karo nagajak Rina bareng. Amarga sering bareng Jaka dadi kepincut
karo Rina tapi Jaka ya nyadar nek Jaka serba pas-pasan tambah maning pas arep mulih sekolah Jaka
weruh Rina boncengan karo cah lanang ganteng, putih, duwur nganggo motor Tiger. Jaka dadi sadar nek
saingane abot-abot, akhire Jaka dadi jarang SMSan karo Rina maning, tur maning Jaka nu pulsane entek
nggo facebookan terus. Jaka saiki dadi sebel numpak mikro, mbokan ketemu Rina maning.
Nang sawijining dina pas Jaka lagi numpak motor, ijik-ijik motore mogok pas nang ngarep umahe kancane seangkatane Jaka tapi beda jurusan, jenenge Hida jurusan Akuntansi. Banjur Jaka diajak bareng nganggo motore Hida. Akhire saiki Jaka sering bareng karo Hida udu lantaran pacaran, nanging Hida ora bisa numpak pit motor.
Bubar sekolah Rina SMS Jaka nagging Jaka jarang mbales, akhire Rina nelpon Jaka
Rina       :”Assalamu’alaikum, Jaka mbok iki ??”
Jaka       :”Wa’alaikumsussalam, iya iki inyong, ana apa Rin ?”
Rina       :”ora papa Jak, Kepriwe kabare ? ka wis jarang SMS”
Jaka       :”Kabare nyong apik, ko kepriwe kabare? Nyong ora SMS mbokan ko lagi sibuk”
Rina       :”ora, nyong ora sibuk banget ka, ko ka jarang numpak mikro maning ??”
Jaka       :”nyong numpak sepeda motor karo kancane”
Rina       :”bareng maning yo lah, nyong kangen we”
Jaka       :(Jaka mandan kaget nek Rina kangen karo Jaka)”iya ngesuk ya”
Banjur seminggu Jaka numpak angkot bareng karo Rina.
 Pas dina Setu Jaka ngomong karo Rina
Jaka       :”ora dijemput pacare Rin??”
Rina       :”ora lah, sebel, penak numpak mikro bareng ko”
Jaka       :”naksir ya mbi nyong”(ngomong glowehan)
Rina       :”nyong pengin luwih sekang kancanan Jak”
Jaka       :(Jaka langsung syok tapi mandan bungah)”maksude dadi pacare nyong ???”
Rina       :(Rina malah njawab nyambi guyon)”ora, maksude nyong dadi kanca numpak mikro”
 Awit saka kui Jaka nyadar nek deweke kui udu apa-apane Rina, mung bisa ngarep ora bisa luwih. Jaka banjur sering mangkat bareng karo Hida maning. Saben dina bereng mangkat uga baline.Suwe-suwe Jaka mulai kepincut maring si Hida. Jebule Hida kui bocahe kalem, humoris, penakan maning, kui tipene Jaka banget.
Nang sawijining dina Jaka maring umahe Hida ngajak bareng maning, Hida seneng banget nek bisa mangkat bareng maning karo Jaka. Hida ngomong nek kengen karo Jaka terus pengen Jaka dadi luwih sekang kanca biasa. Jaka langsung kaget, ujare Hida kuwi seneng karo Jaka. Pas tekan sekolahan Hida nerusake omongane mau, Hida pengin nek Jaka kui luwih sekang kanca biasa, naging dadi kanca mangkat sekolah utawa ojek.  TAMAT



Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate