Total Pageviews

Home » » Cerkak Basa Jawa Banyumasan Kekancan utawa Sahabatan

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Kekancan utawa Sahabatan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

“Kekancan utawa Sahabatan”

Nalika semana Ica nembe bae mlebu SMK. Mbiyen Ica sekolahe nang sawijining SMP nang Banjarnegara. Nanging saiki deweke munggah SMK lan nglanjutna nang SMK N 1 BAWANG. Nang SMK Ica duwe kenalan kanca saka SMP sak Kabupaten Banjarnegara. Ing SMK Ica duwe kanca anyar yaiku Fina, Dewi , Bagus lan Nana. Nanging Ica lewih cedhak karo Bagus kanca lanange Ica. Bagus kuwi bocahe gedhe dhuwur. Bagus uga dadi ketua kelas lan ketua OSIS nang sekolahe. Mulane Ica ora gumun yen akeh seng seneng karo Bagus. Ica uga ora nyangka yen deweke bisa kancanan karo Bagus.
            “eh fin apa kowe duwe nomere Bagus ?” pitakon Ica nalika ketemu Fina pas lagi istirahat.
            “Nduwe ko arep njaluk apa ?” jawabane Fina.
            “Iya, ora papa mbokan ?” pitakone Ica maneh.
            “Iya ora papa ka, iki nomere 087728617XXX “ jawabane Fina.
            “Matur nuwun ya Fin “
            “iya padha-padha’
            Nang liya dina Ica banjur sms. Senajan kuwe Ica palah bingung arep sms apa. Banjur Ica mung sms kosongan.
            “. . . . . . . . . .. . . .  .”Ica ngirim sms.
            “Sapa ?” jawabane Bagus mbalesi smms Ica.
            “Aku kancamu “. Balese Ica.
            “kanca ngendi ?”
            “Kanca sak sekelasmu, Ica “
            “oalah, ngapa ca?”
            “ora papa mung pengen sms bae, Eh ngapura ya nek inyong ngganggu”. Balese Ica maneng.
            “Ora papa kok inyong palah seneng. . . . . . . “ jawabane Bagus.
Lan seteruse. . . . . . . .
            Ica smsan nganti suwe banget. Akhire Ica lan Bagus dadi tambah cedhak. Nganti kanca-kancane padha takon yen ana apa karo cah loro kuwi.
            “Eeh ca, ko karo Bagus ana apa si ? ka katone cedhak temen “ pitakone Fina.
            “hhaa, ora ana apa-apa ka, biasa bae “. Jawabe Ica.
            “halahh, jujur bae ko jadian karo Bagus ya . Ra sah ngapusi lahh “ pitakone Nana sing ijig-ijig nibrung.
            “ora ka anu kanca cedhak tok “. Balese Ica.
            “hla mung kanca cedhak ka katone mesra temen ?” pitakone Fina.
            “ora ka, ya ngana mbok takon dewek bae meng Bagus.” Jawabe Ica karo rada gela.
            Senajan deweke ora ngapusi, nanging kanca-kancane isih tetep bae ngeyel. Mung gara-gara Ica cedhak karo Bagus, kanca-kancane padha nggelani Ica. Banjur Ica nemoni Bagus lan cerita apa bae sing mau diomongi kanca-kancane. Bubar ngomongan, Ica karo Bagus duwe tekad yen sahabatan iki ora bakal bubar mung gara-gara desas-desus utawa perasaan iri kanca-kancane. Cah loro iki justru tambah cedhak sawise Bagus ngenalake pacare mareng Ica.

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate