Total Pageviews

Home » » BAKUL ANGKRINGAN Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

BAKUL ANGKRINGAN Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

BAKUL ANGKRINGAN

Dina Minggu, jam sanga kurang seprapat, nang pos ronda mesti wes rame bocah-bocah, ya jenenge bae pos langganan bocah-bocah ngono, yen lagi pada asik dolanan, Bagundal alias Dudung tembe bae teka maring pos, Dudung bocahe kui malesan lan angel dijak meng ngendi baen kecuali nek diajak mincing la tembe mangkat, seuwise teka maring pos , si Dudung  ditakoni nang Herman. “Ndal..??? deneng deke tembe teka??wes tak enteni ket mau ka ! ra teka-teka?”,,,”lahhh… ak tembe tamgi turu, mau wengi nu turu kewengen,… dadi tangine ya awan kya kie, man” jawab Dudung. “jane mau wengi turu jam pira ?” Herman.. “jam setengah papat man” Dudung “Nek jam setengah papat kui jenenge wes esuk, Ndul” Herman. “Apa iya  man ?”. Dudung.
Wes suwe nongkrong nang pos ronda, bocah-bocah wes pada bosen, akhire pada pindah maring angkringan Mbak Tu. Pada mlaku maring kana bareng-bareng, sauwise tekan angringanne Mbak Tu, lang sung pada jegong disambi mangan, “Mak…??” Herman “ Opo man ?” Mbak Tu “Nasi kucing loro”, Herman “Nek aku papat mak…” Dudung “Tumben akeh temen tukune ??” Herman karo kebingungan, “biasa, anak wong sugih, anti mlarat” Dudung “paling-paling li utang lah ?” Mbak Tu, “hehehehe, ka ngerti mak… ??” Dudung “Lah wes biasa”, Mbak Tu. Bar kui Herman kro Dudung mangan Nasi Kucinge sing wes disiapna.. sawese mangan Nasi Kucinge Herman lan Dudung jegongan nang Angkringan…..
Adzan Dhuhur…., Jam 12, “Alhamdulilah adzan dhuhur, he… Le Tulung jaga warungku ya ?”, Herman kro Dudung mung mantuk-mantuk tok, ngertine Mbak tu herman kro Dudung kui gelem jaga warunge, langsung wae mbak Tu Mtu tekan warung, langsung mangkat sholat Dhuhur, seuwise mbok darmi mangkat maring sholat, Ana wong tuku, “Mas… Mas Nasi kucinge 3” , Herman jawab” sampean ngomong kro sapa ya Mas ?”, jawab sing  tuku “karo sampean lah mas, lha ngomong karo sapa maning si seliane ko cah loro ?”, “lha kui ana mbak Tu” njawab Heraman karo Dudung “Mbak Tu sapa ? ora usah ngledek lah, wong nang kene mung ana sampean cah loro tok ka !!”. “Hoalah… Iya man dewek cah loro tok ? piwe kiye man ?” Dudung karo rasa panik, “lha mase mengkene arep ngapa ?” herman “ya arep tuku lah “, “iki Mase anu rep tuku ndal, apa dewek bae sing ngedoli ?”, “iyaya, terpaksa dewek ngedoli meng wong – wong seng tuku “Dudung, “ ya awes mas, arep tuku apa ?” herman, “Oooo…. Budek ya sampean ? mbok aku wes ngomong nasi kucing 3”,  “oya, ngapura mas, aku mau ra krungu, iki nyah nasi kucinge,”Herman, “oyaya pira mas ?”,”3? Berarti 3000” Herman, “iki duite”,” matur nuwun nggwh mas “,.. barkui ana akeh wong tuku tekan ngalor,ngidul,ngetan,ngulon. Nganti Herman karo Dudung kesel, tapi ya kui tanggung jawab kui bocah loro lah, salahe ora mirengaken wong tua ngomong.
Sauwise mbak Tu sholat Dhuhur, mbak Tu langsung meng warung angkringane, “Aduh – aduh, piye ya warungku ?” Mbak Tu Mlaku cepet – cepet kr rasa panik, kya wong lagi diburu setan. Sewise tekan warung angkringan, mbak Tu langsung ati ne rasane lega warunge egen slamet. Bar kui Herman karo Dudung langsung takon meng mbak Tu, “ mak njane tes meng ndi ?” Dudung, “aku mau sholat ?” Mbak tu, “Sholat ka suwine kaya kiye, karo ra ngomong aku karo herman nek kon jaga warung ? mae piwe si ?” Dudung, “Hoalah….. sampean kui sing ora mirengaken nek wong tua ngomong, mulane ne kana wong tua ngomong dimirengaken ndul. Ya weslah intine saiki warungku igin wutuh lan slamet ” Mbak Tu, “imbalane apa dong mak ?” Herman karo Dudung ngomong bareng, “yawes, imbalane sampean oleh jikot nasi kucing gratis  “,” oke mak….”.karo ekspresi seng banget, akhire Dudung karo Herman oleh Nasi kucing gratis, ya kui lah akhire sing maune remek dadi hasile apik, sing penting mirengaken lan ora budek.



Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate