Total Pageviews

Home » » Cerpen Bahasa Jawa(Cerkak) Basa Banyumasan Waffle

Cerpen Bahasa Jawa(Cerkak) Basa Banyumasan Waffle

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

WAFFLE

Ana umah sing nang jerone ditunggoni anak lan biyunge. Bocah kuwi asmane Ana. Wong tuane uwis pegatan pas Ana umure 10 taun. Saiki Ana sekolah nang SMK N 1 Bawang kelas X. Pas keluargane eseh wutuh Ana banget bungahe, tapi saiki kaya kelangan separuh atine. Panguripan keluarga kiye sederhana banget, biyunge mung kerja dadi buruh ngumbahi sing pendapatane ora pira-pira. Senajan keadaan ekonomine kurang, biyunge ora setuju nek Ana dadi wirausaha. Nang jero atine sing paling njero, Ana sedih banget mergane bingung saiki kudu ngapa.
Eseh esuk Ana uwis nglamun nang kelas. Mikirna masa depane sing ora nggenah arahe.
“An, esuk-esuk ka wes nglamun sih? Agi ana masalah pa???”, Sofi takon.
“Ora ana Sof. Inyong mung bingung karo masa depane inyong sing ora due arah babar blas”.
“Oh kaya kuwi masalahe, kepriwe nek ko melu ekstra KWU bae. Ekstra kuwi mbokan maen nggo ngembangna kemandirian, Sofi aweh saran maring Ana”.
“Tapi biyunge inyong ora setuju nek inyong melu ekstra KWU kuwi, merga jerene wirausaha kuwi butuh modal, sebab keturunan lan sebab begja, Ana njelasna ”.
“Ko pengin dadi wirausaha sukses mbokan?”
“Iya lah Sof”.
“Na mulane kuwi, semangat bae terus tunjukna maring biyunge ko nek anggepane kue salah tentang wirausaha. Ko aweh ngerti meng biyunge ko nek ko uwis sukses”.
“Apa kue cara seng ampuh Sof?”
“Insyaallah…apa bae seng diniati apik mesti bakalan ngehasilna seng apik juga”.
“Oke…inyong gelem Sof”.
“Nah kaya kuwi An….semangat ya”.
Esuk-esuk manuk pada ngemprit, kaya Ana sing esuk kuwi bergairah lan semangat banget mangkat sekolah. Biyunge wes nyiapaken siripan nggo Ana . Ana nuju meng ruang maem karo nyanyi-nyanyi. Merga wes awan, Ana tes maem njur mangkat  sekolah. Sekolahe kuwi cepak banget karo umahe, dadine Ana kari mlaku tok. Pas wes geduk sekolahan Ana langsung nyeluk  kanca-kancane.
“Hei,….”.
“Hei…An”.
“Bungah temen An, kaya tes oleh hadiah bae semangat banget loh, Yanto gumun”.
“Hahaha…ora ka Nto”.
“Kepriwe An,…siap?”
“Siap ngapa kue,???? Rakhiv takon”.
“Ana kuwi pengin banget dadi wirausaha sing sukses, tapi sayange meng biyunge ora diolihna. Merga jerene biyunge dadi wirausaha kuwi butuh modal. Tapi tak saranaken Ana kudu semangat bae, tunjukna bae nek Ana bener-bener pengin dadi wirausaha sukses, Sofi njelasna meng Rakhiv”.
“Oh kaya kuwi, tapi inyong setuju banget karo sarane Sofi An, sesuatu sing pengin diharapna li insyaallah ana jalan”.
“Oke lah kalo begitu, Ana jawab semangat banget”.


Pas pelajaran terakhir rampung, 5 sahabat kiye langsung nuju meng basecam KWU. Awale Ana ora percaya diri sebabe tembe pertama melo gabung karo bocah-bocah KWU. Tapi kanca-kancane aweh semangat terus maring Ana. Nggo latihan, Ana langsung dikon ngedol roti sing diproduksi bocah-bocah KWU. Kuwi nggo nglatih mentale dewek wani apa orane ngedol sesuatu meng wong liya. Karo semangat seng membara, Ana mulai njajakna dodolan rotine nang lingkungan sekolahane.
“Roti..roti..bu, mbakyu, kangmas rotine enak loh. Halal maning”.
Pan tumbas rotine mbakyu, murah mung sewu”.
“Panganan apa kuwi???” (cah SMA 1 Banjara jenenge Dika sing angkuh takon)
“Kiye roti mbakyu. Enak si murah maning, mbake mesti ketagihan”.
“Mayo Dik lunga bae, nggo ngapa sih nglayani bocah kere kaya kuwi”.(kancane Dika yakuwe Adi)
“Sabar si ngapa Di, inyong pan aweh pelajaran maring kue bocah kere”.
“Eh, nek pan slamet mending ko lunga bae saiki”.
“Inyong mung pan dodol roti kang, masa dodol nang kene ora olih si”. (Ana membela diri)
“Kang… Kang … Kang. Emange inyong kakange ko pa??? Sembarangan banget gale undang wong”.
“Astaghfirullohalazim…Mbak, inyong ngerti nek mbake kuwi wong sugih. Tapi hargai setitik si ngapa panganan kie. Nek ora pan tumbas be ora papa inyong bakal lunga. Deleng kae mbak, akeh bocah-bocah sing pengin maem tapi ora due duit nggo maem. Tapi kae bocah-bocah tetep gelem ngehargai panganan, apamaning ngehargai wong liya”.
“Halah…dasar bocah kere, akeh omong ko”.
(Akhire Ana lunga ninggalna bocah-bocah sugih kae)
Ana bali meng basecam karo masang rai seng murung.
“Ko kenangapa An?? , Sofi takon”
“(nyodorna roti seng wes dipidek maring Dika)”
“Masyaallah…sapa seng nglakukna kuwi An??? , Yanto takon”.
“Bocah-bocah SMA Nto”.
“Kebangeten temen bocah SMA kae, dene ngehargai wong ka ora bisa”.  (Yanto gela)
“Uwis lah Nto, nek dewek siki gela lan terpengaruh karo caciane kae bocah dewek bakal terpuruk terus. Dadi wirausaha kuwi kudu tetep semangat lan aja putus asa”. (Rakhiv nenangna Yanto)
(Akhire dodolan dina iki dirampungna banjur pan diterusna dina sesuk)
Pas Ana geduk umah, Ana wes di adang meng biyunge. Jubule Dika ngaweh ngerti meng biyunge Ana yen Ana melu ekstra KWU.
“Njegong!!!!!!!!!!!”
“Iya bu”.
“Wani-wanine ko ngelanggar perintahe biyunge ko dewek”.
“Ngelanggar apa bu?????”
“Esih wani takon apa salahe ko. Inyong kan wes ngomong aja dadi wirausaha. Dadi wong kuwi sing pinter lan nduweni ilmu sing dhuwur. Dadi wirausaha kue butuh modal ngerti!!!!!!!!!!”
“Jere sapa bu, dadi wirausaha kuwi butuh modal lan merga keturunan. Kabeh sing diniati apik mesti apik juga bu”.
“Saiki uwis wani ya bentak-bentak biyungmu dewek. Simbahmu dadi bangkrut gara-gara wirausaha An. Jal bae nek simbahmu dadi pengusaha mesti dewek ora bakal kere kaya kiye, dihina terus maring wong liya”.
“Sekarep ibu lah, Ana pan turu sayah”.
(Ana terus wudhu lan shalat)
Esuke Ana mangkat sekolah gasik banget. Kanti biyunge ora ngerteni. Ana mung gawe surat nggo biyunge “Bu, Ana jaluk ngapura banget. Ana ora pengin dadi bocah durhaka, tapi Ana yakin nek iki jalan sing Allah tunjukna meng Ana bu. Salam cinta kangge Ibu”.
“Hei….An, Semangat kan dina kiye???” (Rakhiv nyapa Ana)
“Iya dong”.
“Sip, yuk lanjutna dodole”.
“Ayo”.
Pas nang perjalanan, Ana ketemu maning karo segerombolan bocah-bocah SMA kuwi.
“Eh, bocah  kere. Pan ngapa ko mrene-mrene maning, nggo ngapa ko dodolan kaya kuwinan. Apa ko bakal sukses dodolan kaya kuwi”.
“Insyaallah mbak, dengan anane niat sing dibarengi karo usaha, mesti menjadikan seseorang kuwi sukses”.
“Ngarang temen kuwi, Bapake inyong dadi sukses ora gara-gara dodolan kaya kuwinan ngerti, inyong bakal dadi karyawane ko nek omongane ko temenan”.
(Bocah-bocah SMA njur lunga)
Wis pirang wulan Ana ora tau ketemu karo bocah-bocah sing nggaya kae. Nalika semana, Ana weruh nang acara televise nek ana pengusaha sing bangkrut gara-gara digoroi meng pengusaha liya. Eh jubulane pengusaha kue Bapake Dika. Saiki Dika dadi diadohi meng kanca-kancane.
Saiki Dika sadar nek omongan kue adalah doa. Lan Ana saiki terus semangat nggo nyiptaaken produk sing sehat, bergizi, lan halal mestine. Ana munculna ide nggo gawe roti Waffle jenenge. Bentuke seng hati, rasane lan mambune mandan kaya tape tapi pas di maem rasane legi . Ya kaya penguripane Ana lah, awale kaya ora pan enak, jubulane berkat ketekunan lah semangat saiki Ana dadi sukses. Lan biyunge ugi sadar nek pandangan tentang wirausaha kuwi salah. Saat kuwi Dika jaluk ngapura maring Ana lan Ana ngapurani Dika.
3 tahun sekolah nang SMK, Ana lan kanca-kancane lulus karo nilai seng memuaskan. Rencana selanjute Ana karep bangun restoran cilik-cilikan disit sing di weini jeneng “Resto Waffle”. Akhire 5 bersahabat iki urip bahagia.

Pesen :
“Dadilah pribadi ingkang dewasa, dadilah pribadi ingkang tangguh. Karena  kuwi bakal nganterna dewek meng gerbang kesuksesan”
           

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate