Total Pageviews

Home » » Keluarga Sing Ora Harmonis/Akur Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Keluarga Sing Ora Harmonis/Akur Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Keluarga Sing Ora Harmonis/Akur

     Diceritakna nang sebuah desa jenenge desa angin ana keluarga,nang keluarga kue ana bapake jenenge aris,bojone jenenge hanifah,due anak 3,sing pertama jenenge joni,sing ke-2 jenenge puput,sing terakhir jenenge meli.sing lanang kue dadi juragan krambil,lah sing wadon anane kur ngentek-ngentekna duit tok,anake siki sing ke-2 sekolah nang smp kelas 2,lah sing cilik kelas 4 mi,sedangkan sing lanang is ra sekolah.keluarga kue siki agi ra akur dumehe sing wadon ngerti nek bojone is mbojo maning karo is due anak,siki anake juga sekolah bareng karo putri.jere wong-wong awit mbiyen keluarga kue emang sering ra akur,ngasi pas joni isihh cilik mbiyen joni kue is tau di gebugi maring mamae ngasi joni kue awake lemes.
     padahal joni kue ora ngerti apa-apa,soale joni kue tes kang deke ninine,terus ninine kan krungu ana bocah nangis lah ninine langsungmeng deke joni terus weruh nek joni kue agi di tampongi karo nangis,terus joni di bopong maring nini.e di gawa meng deke ninine,kan pak aris dadi juragan krambil tapi siki
malah sing dadai juragan krambil bu han asale saben pak aris ana setoran kang wong liya krambile kue di jaluk ora ulih diwehna meng pak aris karepe pak aris kue ra dadi juragan sing dadi juragan kue bu han lah mulane siki  sing dadi juragan bu han.
     Siki awit bu han sing dadi juragan pak aris ra tau melu ngurusi soale nek saben pak aris melu ikut campur mesti di domei.
jerene bu han :"ngapa jane u melu-melu urusane nyong,ra sah melu-melu bae ngko dadi ra beres".
pak aris:"lah wong kur ngrewangi tok,apa ora ulih no.?"kue wong loro deke ngomong kue seru ngasi se rt kue gelem krungu kabeh..
juga sering padu gara-gara urusan kue,deke padu juga gelem nampong bojone+deke ngomong juga saru-saru sikil papate gelem metu.
     Anake juga gelem kaya kue soale sering weruh nek wong tuane gi pada padu,lagh ijig-ijig pas bapake kanagi lunga meng deke mbahene nang ngmah kur ana putri,meli,bu han,
lah si meli ro puput kue agi pada glewehan terus bu hankan agi ngurusi krambil,lah ijig-ijig ka ang ngumah ana sing nangis,jebule si meli nu gon mata  di kanu ro sendok mbi si puput nganti metu getihe akeh banget terus bu han mlebu meng ngumah nulingi si meli karo nganu anduk di temelna nang mata.e meli,terus wong-wong pada metu ngoyok meli,
terus bapake rafli(tanggane) mlebu meng ngumah rep nggawa meli meng puskesmas,bu han kue ngomehi putri kaya kiye:
Bu Han :"Ko jane bocah waras apa ora ia put.?mikir adine ko kae matane metu getihe,uteke denggo."
Puput :"Brisik.!"
Ibu.e melsa:"wong domongi wong tua li ra sah kaya kue,ra sah jawali ora ilok si maring wong tua kaya kue."(ibu.e melsa kue lik.e putri)
Puput:"Brisik ko lah,sapa jane ko rasah melu-melu."
Bu Han:"Purin mel,jorna bae nu ocah r due utek mbok,tak laporna meng kantor polisi bae ngko jegene dajar,wong mata li berharga ka di kanu karo sendok jal nek mata kenang-
kenang ko teyeng nglironi.?!!"
     Puput ka ro meli emang sering gelut kadang meli kue nganti nangis di geluti meng putri padahal kur masala sepele,puput emang ra tau kapok di omehi meng wong tuane malah jawali
sekitar 2 minggu sawise nganu meli puput kan jaluk duit meng mamae lah ra diwei,malah purti kue gebug mamae karo sapu nganti awake pada abang,sawise diwei putri langsung
lunga dolan ngasi seteruse nek njaluk duit puput kue gebugi mamae,lah suatu ketika puput kan njaluk tuku helm centro lagh ra diwei meng meng mamae lah k mamae di gebug ro
di tampong,lah di omongi meng mamae malah tambah gela,wong golet duit kan rekasa,ra let sue kan di wei diut nggo tuku,terus bocahe kan seneng.
     Puput kue saben pengin apa-apa mesti njaluk nek misale njaluke alus si mending lah kie ro gebugi nek rung diwei rung mandeg ia melasi wong tuane lah,tapi emang keluarga iki ora na sing apik kabeh due sifat sing ra bener,anane aben dina kur padu toq,ngasi pak aris ra kuat rep cerai ro bu han saking ra kuat.e ro sifate bu han,pak aris is bola-bali meng deke pak lurah nglaporna kejadian kue ro ngomong ne rep cerai ro bu han.
mungkin tekan ngeneh disit critane diterusna ngesuk-ngesuk.njaluk ngapura mbok ana kata-kata sing ora apik p kasar tur nglarani ati.

     Amanat nggo sing maca ro sing ngringokna: Dadi anak kudu berbakti karo wong tua,apa maning karo ibune soale surga kuwe di bawah telapak kaki ibu ro beliau kuwe is naruhna nyawane go nglairna dhewek,nggedekna & didik dhewek nganti semene gedene.sing sabar nek ko kuwe njaluk sesuatu tapi rung dituruti  mungkin wong tuane dhewek rung due duit atau mungkin duite nggo sing liyane,misale is due mesti dinukokna,terus dadi bocah kuwe aja wani karo wong tua.
Maturnuwun..:)

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate