Total Pageviews

Home » » Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Dioyok-oyok Nang Valentino Rossi Gadungan

Cerita Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Dioyok-oyok Nang Valentino Rossi Gadungan

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Dioyok-oyok Nang Valentino Rossi Gadungan

Esuk-esuk langite padang jembrang, nyong lan kanca-kanca pada mlaku-mlaku marang ngendi ora. Wektu kuwe nyong lan kanca-kancene nyong mlaku meng daerah Argasoka. Nang Argasoka kuwe mung jagongan nang jembatan karo mandang-mandang wong lewat nunggang motor. Nah ana maning sing nunggang motor kuwe boncengan, sing bonceng kuwe kaya nang game GTA. Nang kancane nyong pada ngalokna (hahaa kae, sing mbonceng kaya GTA) karo ngguyu cekakakan (hahahaaa). Sing mbonceng kuwe empere ora trima dialokna karo diguyoni. Ya nyatane bagi kancane nyong kuwe nu lucu turmaneng (nyuwun sewune) wonge tes ngaret dadi klambine kaya wong edan. Sing mbonceng kuwe ora trima ngacungi tangan(kepel). Nyong karo kancane pada mlayu meng kulon yee melbu daerah Siwatu, sing dalan mung gragalan tok.
Nah pas mlayu meng kulon ketone wes ra katon, pada mlaku maneng. Ora adoh kang kedadeyan mau. Ana maning wong lucu, bagine nyong karo kanca-kancene nyong. Wong kuwe tes panen pari nu wonge wes tua, biasa diundange Mbah Jenggot, ngapa diundange Mbah Jenggot? Yee wonge kue wes tua turmaneng jenggote dawa. Mbah Jenggot kuwe lagi nglenteng rokok sing karo menyan puteh. Nang kancane nyong ngalokna Mbah Jenggot ye karo omongan sing mandan tersinggung lah. Ngaloknane “Lintingane lho, dawa turmaneng kemebul nek diempot) karo ngguyu-ngguyu. Kayane Mbah Jenggot kuwe ora trima dialokna ya kuwe, Mbah Jenggote langsung nunggang motor, terus nyalakna motor di geber-geber maneng, jan nganti kukus tok pada kemebul. Nang kancane nyong ngalokna maneng ye kie alokane “Mbah kemebul turmaneng motore bosokkan be, hahaaa).
Mbah Jenggot kuwe ora trima ya mburu-mburu bangsane nyong karo kancan-kancane nyong. Mbah Jenggot kuwe gole mburu jan banter banget nganti Mbah Jenggote nunduk kaye pembalap sing biasa dadi juara dunia ye sapa maneng nek udu Valentino Rossi, tapi iki udu Valentino Rossi temenanan yee Valentino Rossi Gadungan, yaa pas mburu kuwe dalane jan rusak parah mung gragalan tok watu-watu sing marak-marak urung diaspal, wonge ye gen tetep bae banter gole mburu. Nyong karo kancane pada mlayu sebanter-bantere nganti melbu meng gang pada rebutan. Hahaa. Nah Mbah Jenggot kuwe wes ora ngoyong bangsane nyong karo kancane nyong. Nah kuwe nyong karo kancane pada bali meng umah dewek-dewek. Mbah Jenggot kuwe mbalik maneng sing mau panggonan gawe lintingan. Nang desane nyong katon daerah mau utawane daerah Siwatu. Mbah Jenggot kuwe keton nang desane nyong, ya pada ngalokna maneng Mbah lintingane dikondisikan Mbah hahahaaa.
Nah sawise ngalokna kuwe, kancane nyong pada bali meng umah dewek-dewek bali-bali kemringet turmaneng ngos-ngosan kekeselen di oyok-oyok nang Mbah Jenggot utawane Valentino Rossi Gadungan. Hahaha

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate