Total Pageviews

Home » » Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Keluarga Sing Sombong

Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Keluarga Sing Sombong

Posted by Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan on Monday, December 8, 2014

Keluarga Sing Sombong

Pas jaman mbien ana keluarga sing sugih nanging pelit Keluargane ana 5 yaiku Agus yaiku bapake, Wanda yaiku ibune, trus anake ana telu jenenge Ronald, Ryan lan Nia , omahe di pager beton ben ra ana wong sing bisa mlebu omahe kuwi wong.  Kuwi  wong terkenal sugih amargi kerja  nang perusahaan sing madan terkenal pas jaman kuwi. Akeh wong sing mikir keluarga kuwi sugih amargi korupsi. Amargi sugihe ndadak,  Keluarga kuwi  ra tau ngumbul karo wong sedesa amargi jere wong sedesa ra nana sing selevel utawa sedrajat karo keluarga  kuwi.
                Wis setaun keluarga kae urip nang sekitare  wong – wong sing apikan nanging wonge kuwi ajeg  ra ajeg  isih sombong.   Pas dong dina minggu keluarga kuwi lunga kabeh maring tempat plesiran nganggo mobil pribadi, omahe di kunci kabeh ngasi rapet banget  dadi ora nana wong sing bisa mlebu.  Keluarga kuwi lunga gasik banget, tetangganne ngasi pada ra nana sing ngerti keluarga kuwi lunga plesir.
                Pas awane omahe wong sing pelit mau kebakar. Tanggane pada arep nulungi omah kuwi, nanging di kunci ngasi rapet banget  dadi omahe kuwi wong kebakar ngasi bersih dadi awu kabeh. Pas keluarga sing pelit  mau bali plesiran, keluargane pada bingung kenang apa omahe bbisa  keobong ngasi dadi awu kabeh. Keluarga kuwi banjur nuduh tanggane  amargi diarani sirik amargi tanggane kuwi sugih. Tetangga sing mau di parani maring  keluarga mau crita jere  omahe keobong. Trus tangga – tanggane arep nulingi omahe kuwi nanging  di kunci rapet akhire  tangga – tanggane ngejorna omahe keobong amargi ra bisa nyiram geni sing ngobong omah kuwi.

                Keluarga  sing sugih mau nyadar amargi duit  sing dinggo  kanggo mbangun umah kuwi  sekang duit korupsi merga keluarga kuwi langsung dadi miskin, trus tobat ora bakal sombong maning. Keluarga Agus akhire pindah omah nang tempat liane amargi isin karo tanggane.

Thanks for reading & sharing Berbagi Ilmu Pengetahuan, Teknologi dan Hiburan

Previous
« Prev Post

0 comments:

Post a Comment

Popular Posts

Translate